Foto: Sejarah Kota Probolinggo
SGB-NEWS°Probolinggo – Kutha Probolinggo wes suwe dikenal dadi salah siji kutha pesisir ing sisih lor Jawa Timur. Ning sakjane, kutha iki ora mung rame mergo pelabuhan lan perdagangan. Probolinggo nduweni sajarah dawa, budaya sing sugih, lan potensi gedhe kanggo terus maju.
Mbiyen, ing jaman Majapahit, wilayah iki dikenal nganggo jeneng Banger. Jeneng kuwi dijupuk saka Kali Banger sing dadi urat nadi uripe masyarakat wektu semana. Amarga panggonane strategis, Banger alon alon berkembang dadi pusat perdagangan lan pamarentahan nganti pungkasane dadi Kutha Probolinggo.
Jeneng Probolinggo dhewe nduweni teges sing apik. Probo artine cahyo utawa padhang, dene Linggo artine tugu utawa pralambang. Mula, Probolinggo diharap dadi pepadhang lan nggawa kemajuan kanggo masyarakat.
Panggonane Kutha Probolinggo pancen nguntungake. Ana ing jalur Pantura Jawa Timur lan dadi dalan penghubung antarwilayah. Saka kene wong gampang tumuju menyang kawasan wisata Gunung Bromo lan daerah liyane. Posisi iki nggawe perdagangan, jasa, transportasi, lan pariwisata terus berkembang.
Warga Probolinggo uga dikenal rukun senajan beda latar budaya. Budaya Jawa lan Madura urip bebarengan tanpa ninggalake ciri khas dhewe dhewe. Kuwi isa didelok saka basane, panganane, keseniane, nganti tradhisi sing isih dijaga tekan saiki.
Ing bidang ekonomi, Probolinggo nduweni akeh potensi. Pelabuhan dadi salah siji penyangga utama aktivitas perdagangan lan perikanan. Saliyane kuwi, para pelaku UMKM terus berkembang ngasilake produk lokal sing isa saingan ning pasar regional nganti nasional.
Kutha iki yo kondhang dadi salah siji penghasil pelem berkualitas. Akeh warga sing uripe gumantung saka sektor pertanian lan perdagangan woh kasebut. Ora mung dadi sumber penghasilan, pelem uga wis dadi salah siji identitas Kutha Probolinggo.
Saiki pembangunan infrastruktur saya apik. Ana dalan nasional, jalur sepur, lan akses Tol Trans Jawa sing nggawe mobilitas barang lan wong saya gampang. Kondisi iki dadi kesempatan apik kanggo narik investor lan mbukak lapangan kerja anyar.
Nanging sing paling penting dudu mung pembangunan fisik. Sing nggawe Probolinggo tetep kuwat yaiku masyarakaté. Budaya gotong royong, kepedulian marang tangga teparo, lan semangat nom nomane kanggo terus berkarya dadi modal gedhe kanggo mbangun kutha iki.
Yen kabeh unsur masyarakat iso guyub, saling nyengkuyung, lan terus njaga budaya lokal, Probolinggo mesthi bakal saya maju. Ora mung dikenal dadi kutha transit utawa gerbang menyang Bromo, nanging uga dadi kutha sing maju, nyaman, lan nduweni daya saing.
Saka Banger nganti dadi Kutha Probolinggo sing saiki, perjalanan iki menehi piwulang yen kemajuan ora teka kanthi cepet. Kabeh butuh kerja keras, kebersamaan, lan tekad supaya generasi sing bakal teka isa ngrasakake kutha sing luwih apik tinimbang dina iki.
Penulis: Ferdi
Sumber : Wikipedia